Senin, 22 Agustus 2011

Dalan Tembus Tlagayasa-Pakuncen-Bobotsari Wis Lestre


Pemerintah Purbalingga molaih wulan wingi wis tata-tata babagan ndandani dalan sing padha rusak. Pendandanan dalan sing rusak mau nggo nglancarake lalulintas nang wilayah Kabupaten Purbalingga. Bupati Purbalingga Drs. Heru Sudjatmiko,M.Si nduweni kepenginan nerusake pembangunanan nang Purbalingga, ben rakyate bisa makmur-pangan, sandhang lan papan- ora kapiran khususe kanggo wong-wong cilik. Salah sijine ndandani dalan sing pada rusak ben transportasine lancar.
Dalan tembus sekang prapatan Tlagayasa - Karangtalun - Pakuncen - Bobotsari wulan wingi wis didandani, nek ora salah yang wis ana sewulanan. Dalan sing mikine ora karu-karuan siki dadi keton lestre utawa alus pisan. Wong nom-nom angger sore pada numpul nang brug sing neng tengah sawah. Apa maning nang wulan puasa taun siki, nek sore rame banget pada juguran, padha crita ngalor-ngidul malah ana sing dolanan motor karo ngenteni buka. Wah jan pokoke ramene ngepol.....bareng dalane lestre....ora nom ora tuwa....kabeh pada seneng....Matur Nuwun Pak Bupate Heru...!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar