Minggu, 13 Februari 2011

Rembugan Arisan

Malem minggu, 12 Februari 2011 warga RT 04 padha kumpul nang nggone pak RT ngrembug babagan sing wis mlaku lan ngrembug program-program liyane. Kumpulan RT diwiwiti jam wolu bengi. Meh teka kabeh, terus sedurunge rapat dimolai, warga kon pada ngetung duwit kasile jimpitan ronda.
Gole padha ngetung antusias banget, ana sing ngetung duwit atusan, duwit rongatusan, limangatusan, apa sewu. katon guyub lan semanger banget. Bareng wis dietung rapat nembe dimolai.
Kumpulan malem minggu mbahas program nganakena arisan RT, tujuwane ben rapat RT-ne bisa digilir kabeh warga kanggonan nggo rapat. Warga setuju kabeh lan gedene arisan mung 10.000 perak. Arisan dimolai wulan Maret 2011.
Bar rembugan RT terus padha nonton wayang lebar dalange Gendroyono lakone Petruk Iduh Geni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar