Minggu, 25 September 2011

Si Kribo TOKO BARU 1 Bobotsari

Makhluk siji kiye jan madan bedha....akeh wong sing padha keliru. Jenenge Mas Dirin....rambute kribo atawa kriting madan lembut...ning ora lembut banget. Nek gemuyu ngalor-ngidul...pasuryane meh kaya Mas Wahidi karangsari tukang service elektronik. Mangkane akeh wong sing padha kliru....padahal makhluk  sekang sabrang kulon madan ngidul sethithik...kiya ora bisa dandan atawa service parabola ...


Mangkane mas rambute di cukur....ya....ben ora kribo....nek bisa rambute di rebonding. Nang Bobotsari toli wis akeh salon sing mbukak rebondingan....nggone Teron njero terminal bobotsari ya....ana....nek ora yang sing biasa anaku cukur ....nggone AURA...kidul terminal....maring nggone DASLIM ya..kena mengko karo nge...es ... pisan. Ning aja kelalen kuwe Wanto dingei....mbok ngiler....ha...ha...ha.....

Nek ora duwe dhuwit...nggo rebonding....ya prentah Wanto kon nglurusena...siji-siji....karo jepit rambut....sewulan toli lurus.....nek arep lewih murah....kakange Wanto toli tukang cukur....mlakune gratis....njagonge ..ya gratis.....sing luwih marem maning....nek cukur dikrudungi.....Mengko nek wis lurus....toli padha pangling....lan ora nana wong sing kesliru maning....melas mboookk!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar