Rabu, 22 Desember 2010

Angan-angane Pak RT

Semenjak nyong ditunjuk dadi ketua RT 04 RW XII Desa Bobotsari, mbiyen pas bar badha Idul Fitri, nyong duweni angen-angen kepengin wargane madan maju lan padha rukun. Sakjane nyong madan rikuh sebab nyong isih enom umur-umurane urung tekan 40 tahun, tapine nyong ditunjuk bae ora nganggo pilihan. 
Kepriwe maning, wong wis ana rong taun RT 04 ora nana ketuane, dadine kegiatan lan kas RT-ne ya...ora nana. Gandheng mengkono mau, bar nyong didadeake ketua RT ...nyong duwe angen-angen arep majuake warga RT 04 semampune nyong. 
Nyong terus mbentuk pengurus RT, terus nganaake rapat hasile para pengurus sarujuk karo ideku. Angen-ngenku kepengin nggiatna maning kegiatan kerja bhakti alias gotong royong, nganakena ronda ples jimpitan kanggo kas RT, RT kudu duwe mading kanggo papan informasi tentang dunia luar ben masyarakate pikirane maju. Sing tek jaluk ya....wargane nyong padha rukun, guyub lan gelem gugur gunung kanggo majuake RT-ne.
Alhamdulillah, sing tek angen-angen kuwe mau wis ana sing kesembadan, conthone kerja bhakti bersih-bersih pendhak rong sasi sepisan, ronda wis mlaku, madinge ya ... wis ana....wargane saiki dadi keton guyub lan rukun. Ndandhani dalan RT sing wis ora karu-karuwan ya...saiki wis apik...giline wis lestre...alus.
Ayo..para warga...padha cancut tali wanda...kanggo kemajuan RT 04.

2 komentar:

  1. Salam Kenal dari warga Perumahan Alam Tirta Lestari

    BalasHapus
  2. minta ijin untuk mengcopy tulisan untuk dimuat di kotaperwira.com, siapa tahu menginspirasi warga Purbalingga Kota Perwira lainnya
    matursuwun

    BalasHapus